Pitik Sobo Kebon
karya : Oky Dwi wicahyo
#logat basa Bojonegoronan#
#1
(Odi nggoleki pitike sing jenenge Saras,tapi ora
ketemu,sampek Odi kesel dewe, terus ngomong sak karepe dewe koyo wong edan.)
ODI : Saras..Saraaas..!! pitiku sing tak sayang..saras..ning
ndi to kowe..?? (klenga klengo nggolek'i pitike)
Saras..Saraaas..!! ayo mulih
to..,ning ndi to kowe?
ayo mulih to,,engko tak pakani
sing enak enak.., aku nduwe beras,jagung,karo sego mambu,
kowe mulih to..ora ora nek tak
dol..
(ngerti telek pitik) lha..iki
telek'e.., opo iki yo telek'e Saras ???
nek ndelok telek'e koyo telek'e
Saras..
opo dudu ?(penasaran) .opo iki
telek kucing?? ( didulit nganggo kayu terus di ambu)
uuhhhh...(ngempet ambune telek)
dudu..iki dudu telek kucing,
sing bener iki telek'e pitik..
iki telek'e Saras..
(bengak bengok maneh,tambah
banter)
Saras...saras...saraaas.....!!!
YUNI TEKO MARANI ODI
YUNI : he..he..!! bengak bengak koyo wong stres ! karepem
dewe opo kongkonan !?
sopo sing mbok golek'i ?
ODI : aku nggolek'i pitikku
YUNI : pitik wae mbok golek'i. nek wayahe mulih lak mulih
dewe.., jenenge wae pitik..
yo pengen dolan-dolan
podo wae koyo wong. wis to ora usah kuatir
ODI : yo jelas kuatir to Yun.., lha wis rong dino ra
enek mulih kok..!!
YUNI : lha ning ndi no..?
ODI : lha kuwi aku ra ngerti . wis tak golek'i mrono
mrene ra ketemu..
YUNI : sing piye to pitik'em ? lanang po wedok ?
ODI : wedok, rupane ireng, tak tengeri tali rafia
sikile..ngerti po ra kowe?
YUNI : mboh..?? aku ra tau tumon pitik'em kuwi..
ra tau mbok pakani
paling pitik'em kuwi. mangkane minggat
ODI : ee..aku sregep makani terus je.., saben isuk
wis mesti.
TEKO MANEH BOCAH BOCAH TELU. BAYU, JOKO,DONI
BAYU : hayo..!! pacaran..pacarane...(mbedo Odi karo Yuni )
YUNI : Mbah'em pacaran !
ODI : ra sah ngono le ! tak dopak mlarat kowe ngko !
(karo nesu)
BAYU : guyon guyon ..ngono wae nesu..(karo ngrangkul
pundak'e Odi)
DONI : kowe mek'opo ning kene di ?
ODI : nggolek'i pitikku Don..
JOKO : lha ning ndi no..?
YUNI : yo ra ngerti to..makane kuwi odi nggolek'i. enek
sing ngerti po ra ?
BAYU : lha pitik'e sing piye ?
YUNI : ireng pokok'e
BAYU : lanang po wedok ?
YUNI : wedok
BAYU : wis nduwe pacar po durung ?
YUNI : lambenem kuwi..!!
DONI : Yu Bayu..kowe ojo guyon to !! Odi ketok'e bingung
tenan nggolek'i pitik'e
lambenem ojo
ngawur wae..!!
BAYU : loh aku takok tenanan to Don., nek pitike durung
nduwe pacar berarti dek'e dolan nggolek pacar
njajal to, golek'i
ning ngguri omahe lek Widji. lek Widji nduwe ingon ingonan pitik jago akeh..
JOKO : lha piye Di..? wis kok golek'i ning kono po drung?
ODI : uwis., aku lagek bar teko kandang pitik'e lek widji..ora
enek kok..
JOKO: atak'e di colong wong..??
DONI : wah..blaen nek ngono..,
YUNI : ngko sik..ngko sik. ojo kesusu ngomong ngono..iki
perlu di golek'i ndisik
BAYU : njajal di takokno wong pinter opo piye??
ODI : di takokno sopo ?
BAYU : kowe ngerti Mbah Jo po ra..sing omahe etane kebon
gedang kae..
YUNI : ngerti ngerti.., sing winginane bar nambani wong
kesurupan kae to..?!
BAYU : yo..bener., kuwi jenenge mbah Jo.. lha Mbah Jo kuwi
wong pinter..
ODI : tenan po ra kuwi ? pinter teko ndi? Mbah Jo ora iso
moco kok.,buktine oleh surat Undangan bancak'an,aku
sing di kon macakno..
JOKO : iyo ! wong Mbah Jo dewe nggole'i sandale sing jare
ilang sak sisih wae ora temok kok..
DONI : mosok Jok?
JOKO : iyo..wingi pas mulih banca'an ning nggone Dhe Mus. sak
enek'e wong podo melok bingung kabeh
nggolekno sandale Mbah Jo..
ODI : lha akhire piye? temok po ra sandale..?
JOKO : yo ora temok to..digolek'i ning kono..! lha wong
Mbah Jo dewe sing pikun..budal bancaan kok nganggo
sandal mek sak sisih..
(Yuni,Odi,Doni ngguyu ngakak karo critone Joko.., Bayu mek
iso mesem tok)
DONI : ngono kok jare wong pinter..
BAYU : loh..kowe ora ngandel to Don..? masio to mbah Jo
kuwi wis pikun, tapi wis sering di jaluk'i tulung wong
akeh.., sing nambani mbak Siti pas kenek'an
demit ning isore wit nongko kae sopo ?! negak Mbah Jo.,!
YUNI : tapi iki urusan pitik Yu.., dudu dhemit..
JOKO : tp nek nggolek'i pitik yo mending njaluk tulung Mbak
Anis wae..
ODI : opo hubungane to jok? mbak anis kuwi lak kerjone dadi
penyiar radio
JOKO : lha iyo.., kowe tau ngrungokno radio po ra? nek
wayah mbak anis sing siaran?
ODI : radio ku wis rusak to jok''
YUNI : aku gawene ngrungokno radio, enek opo i ?
JOKO : kuwi lho info kelangan barang.., koyo to kelangan
dompet,kunci sepeda montor, KTP macem macem
pokok'e. sopo wae sing kelangan iso njaluk
tulung ning radio.., lha pitikmu sopo jenenge? umure piro?
wulune wernane opo? terus tengerane
opo? sebutno wae..ngko ben tak omongno ning mbak anis
lha sesok mesti di
umumno..
BAYU : halah ..gampang kuwi sesok yo kenek , saiki ayo melu
aku, aku arepe ning omahe mbah Jo..(nglunyur
melaku ngulon)
ODI : halah..mbuh, aku wis kesel..!! tak njajal mulih sik,
nilik'i kandangku mbok menowo wis mulih pitikku ..(mlaku
ngidul)
DONI : aku melu Di..(nututi teko ngguri)
YUNI : nek ngono ku arep mulih wae..
JOKO : aku yo nek ngono..
( bocah bocah podo ngalih dewe dewe..,).
#2
PELATARAN NGAREP OMAHE NIMOK
(nimok nyapu latare. bayu liwat ngrepe)
BAYU : sregepe cah cah..
NIMOK: yo kudu no., cah wedok kok,, padakno cah lanang..
BAYU : eee..ngono (wajahe ngece)
NIMOK : hee..!! pe ning ndi kowe? ngerti adikku po ra?
BAYU : aku pe ning omahe mbah jo.. mboh aku ra roh adikmu
ning ndi.!?.,.cah kuwi senengane ngluthus
wae..kolo-kolo kaploken
ngono lho..cah kok ra tau sobo omah..
NIMOK : halah..kowe dewe yo ra tau sobo omah ngono kok..,
Pak'em gawene sambat bingung nggolek'i kowe..,
kongkon ngisi genuk kok malah ngilang wae..
BAYU : kowe kok ngerti wae to Mok..,
NIMOK : lha ngono kuwi arepe ning ndi njajal ? cah kok
nglayap wae..,
BAYU : aku to ?! aku arepe ning omahe mbah Jo,, nakokno
pitik'e Odi, jare wis rong dino ilang..kowe ngerti po ra
Mok ? pitike wedok, terus ulune rupane
ireng
NIMOK : aku ngerti..! (mripate karo mlorok)
BAYU : ning ndi ?
NIMOK : pitik'e wedok to ?
BAYU : yo..
NIMOK : rupane ireng ?
BAYU : yo.., ning ndi ? ning ndi ?
NIMOK : ning pasar pitik akeh
BAYU : gidalem meduk ...!! kene takok tenan tenan
kok..!
NIMOK : lha yo ning pasar pitik..hihihi ( ngguyu
cekikik'an)
BAYU : O..titenono kowe yo !
NIMOK : gelo we ?!
BAYU : wis mboh..! ra ngurusi rainem..!! ( karo mlaku nglunyur
ngulon)
NIMOK : (mbengok'i Bayu ) Yuuu..nek tumon adikku kon muleh
yo..!!
BAYU : (nyauri teko kadohan) ..,halah mboh (karo nesu)
(Nimok nerusno nyapu latare karo nggeremeng dewe )
NIMOK: ee..bocah kok kawit isuk dolan ra mulih mulih.., ??
ngono kuwi nek ora munggah kelas aku diseneni karo
Mak jare dadi mbak ra tau nyinauni adik'e..
KRUNGU SUARA TANGISAN SOKO KADOHAN, SOYO CEDAK,LAN SOYO
JELAS NEK KUWI SUARA TANGISE RAGIL ADIK'E NIMOK
RAGIL : Huuuaaaaaaaa...!!!! huuuuaaduuuh..!!!
(Ragil nangis,sambat,karo nyekeli borok'e ning dengkul sing
gobrah getih)
NIMOK : sukur..sukur..kapok'em kapan !! (nyukurno adik'e)
RAGIL : huaaaaa...huaaaa..aaaaa!! (tambah banter lek
nangis) Huuuaa!! (terus kosel kosel)
NIMOK : ee..malah kosel kosel,, (njewer kupinge ragil)
gembeng..saben mulih dolan mesti nagis.., kenek opo
meneh kuwi
borokmu, wong borok wis arepe mari kok dinggo klayapan wae,, delok kuwi gobrah
getih.., sukur raskano!! ?!!
RAGIL : Huuuaaa....!!!! borokku dicucuk pitik ning kebon
gedang ...haaaa....(karo nangis)
NIMOK : salahe sopo !!! sopo sing ngongkon blakraan turut
kebon gedang,, kok ora dicokot ulo pisan..!!!
ayo ngadeg
!! wis ra sah nangis..!!
(Ragil tetep wae nangis ora meneng meneng ..)
TEKO ODI KARO DONI
DONI : Mok Mok cah cilik kok mbok peloro...!! ra ngesakno..
Nimok :ngerti opo kowe don.., cah iki dolan kawit mau isuk,
saben mulih mesti nagis. sopo sing gak pegel
ngrasakno...
ODI : wis Gil..meneng to ! jo nangis wae.., kenek opo kok
nangis ??
RAGIL : huuaaaa..!!! ( karo ndudingi borok'e sing gobrah
getih di cucuk pitik )
ODI : loh..lha adik mu dengkule mlocot to mok..,
(njenggilengi dengkule ragil)
DONI : (tambah meden medeni) lha iki ngko di operasi ning
rumah sakit,terus disuntik ping papat yo Di..
(Ragil wedi, tangise tambah banter karo njerit njerit koyo
wong kesurupan )
ODI : heeeh..meneng !!! ora ora, kowe di bujuk'i
Doni..
NIMOK : Ooo Doni isone meden medeni wae..
DONI : (mringis).., adik'em guembeng to Mok..
ODI : lha dengkule kok iso ngono lo piye polahe..???
NIMOK : tak sukurno, salahe sopo blakraan turut kebon
gedang terus borok'e dicucuk pitik..sukur ! kapok ! mben
diraskno kuwi ..!!
ODI : loh ..!! dicucuk pitik ning kebon gedang ndi ..???
NIMOK: ndi maneh nek gak kebon gedang etan omahe mbah Jo..
DONI : loh..Di.., pitikem..., ?? (karo mlongo )
ODI : Saras...!!! ayo don..!! (jeranthal mlayu ning kebon
gedang,, Doni melu mlayu pisan)
NIMOK : hee..enek opo ??? ( kaget delok pelayune Odi karo
Doni ).
#3
(KEBON GEDANG ETAN OMAHE MBAH JO)
( tibak'e ning kono wis enek Bayu ,)
BAYU : Di cepet..cegati..!! lha kae pitikem sobo kebon
gedang !! ayo cepet di cekel !
(cah telu podo playon ngetan ngulon ,ngalor,ngidul..
ngepung saras pitik'e Odi)
DONI : Yu..Bayu,, cepet cegati teko kene..
ODI : Saras...Saras... (nyeluk'i pitike)..ojo mlayu
saras...
BAYU : Di..Odi...ning kene..iki lho..cepet to ndang
mrene..!!! loh..wis mlayu ngidul..,Don..cegat kono Don....ojo
sampek mlayu ngalor...
DONI : hee..cepet rene..iki lho cekel pitike'e.., !!! halah
ucul maneh..Di..mlayu mrono pitik'em.., cepeet cekel..!!
(teko adoh Odi ngguyu bungah )
ODI : horeeee..!!! Yuuuu...Bayu ,Doooon..Doni..!!
(mbengok'i bayu karo Doni), Saras wis kenek , delok to iki..pitikku wis
tak cekel. oalah.. Saras Saras..
#selesai*
Feb 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar